alamak
Selasa, 25 Januari 2011
Judul
Mona Lisa, 1503 / 1506
Tema
Naturalisme
Aliran/gaya
Manusia dengan manusia
Pelukis
Leonardo Da Vinci
Asal Pelukis
Italia - Renaissance
Makna menurut pendapatmu
Lukisan setengah badan ini menggambarkan lukisan wanita yang tatapannya menuju pengunjung dengan ekspresi yang sering dideskripsikan sebagai enigmatik atau misterius.
Sabtu, 22 Januari 2011
1. Judul Lukisan : Kandang Penyu (tahun 1987)
2. Ukuran : 100 x 130
3. Teknik Melukis : cat minyak plototan disapu dengan tangan
4. Bahan : cat minyak diatas kanvas (oil on canvas)
5. Harga : -
6. Tinjauan Apresiasi Seni :
Sekilas lukisan Affandi yang satu ini agak susah untuk ditebak apa maksudnya jika belum melihat judulnya. Jika di amati lebih lanjut, lukisan ini menggambarkan tentang keadaan suatu penangakaran penyu dimana banyak penyu di dalamnya. Lukisan ini dibuat ketika Affandi melewati sebuah kandang penyu di daerah pesisiran Jawa Timur. Dia lalu menyiapkan alat lukisnya dan langsung melukis sebagaimana sifat dari aliran ekspresionisme yang langsung melukis ketika menemui objek yang ingin dilukis apa adanya. Karena objek yang tergambar benar-benar ada dalam dunia bukannya dalam angan-angan pelukis, maka lukisannya bersifat ekspresionis realis.
Komposisi objek yang ada di dalamnya telah memenuhi prinsip keseimbangan dengan tataletak objek yang seimbang. Misalnya dinding kandang sebelah kanan yang dibuat dengan goresan tebal sehingga mengisi kekosongan ruang untuk menyeimbangkan berat objek sebelah kiri.
Lukisan ini juga telah memenuhi prinsip harmoni baik warna maupun bentuk dengan komposisi warna sejenis yang didominasi warna kelabu kehijau-hijauan menyatu serasi dengan warna kuning. Objek kura-kura yang agak kabur juga disatukan dan diharmoniskan dengan goresan warna kuning tegas sehingga kesan yang ditimbulkan di tengah tidak kosong. Prinsip kesatuan juga di timbulkan dari komposisi warna sejenis yaitu hijau kelabu dengan kuning sehingga menjadi semacam tali antar objek.
Dalam hal titik pusat perhatian, dinding sebelah belakang/tengah lah yang menggiring gerakan pandangan mata ke titik pusat. Hal ini dikarenakan luasan dinding itu berwarna terang kekuning-kuningan yang kontras dengan objek-objek lainnya dikarenakan sinar matahari menyinari dinding ini dari arah berlawanan. Seandainya dinding belakang ini berwarna segelap / setebal objek lainnya, maka kesan yang ditimbulkan akan menjadi mebosankan dan sulit ditebak maksud dari lukisan. Sehingga dinding yang menjadi pusat perhatian ini memiliki peran yang sangat signifikan.
Dengan teknik plototan yang disapu dengan tangan, irama lukisan “Kandang Penyu” bersifat lemah gemulai dan ekspresif diselingi sisi-sisi tegas. Hal ini juga yang membuat ciri khas lukisan-lukisan ekspresionis realis dari Affandi. Dari semua prinsip lukisan yang ada dalam lukisan ini, teknik melukis jelaslah telah terkuasai dengan baik oleh si pelukis yaitu Affandi.
Kamis, 20 Januari 2011
Balapan Karo Keong
Nalika si Kancil pinuju mlaku ing sapinggiring alas, nurut kalen kang banyune bening, kancil nyepadakake lakune keong gondhang sing klemar-klemer alon banget. Meruhi lakune keong gondhang mau, si kancil celathu semu ngenyek. “Eeee……………..keong, kowe kuwi kajat mlaku apa ora? Dadi makhluq koq kaya wegah urip. Mlaku klemar-klemer kawit mau ora alihan panggonan. Mbok ya sing sigrak, rikat, cukat trengginas obahmu kuwi, keong………”
Keong kang diece dening kancil semaur sareh. “Weh weh weh….. iki ana kancil koq dhemen timen umuk. Seneng ngasorake liyan, sajak kaya paling digdaya ana ngalam donya iki”
“Hahahahahahaha………………….. lha rak omonganku iki cocog karo kahananmu ta keong? Dak tamatake wiwit mau, nganti aku ngantuk, anggonmu mlaku ora genep sejangkahku” sambunge kancil sansaya mundhak umuke.
“Dadi kewan ki mbok ya aja kakehan umuk, Cil. Nyawang liyan ki aja mung saka sing katon neng mata. Durung mesthi penemumu kuwi bener” si keong menehi pitutur maranag kancil.
Dituturi dening keong si kancil malah ngatonake songare. “Huwalllaaah……………… keong, keong. Apa pancen kowe bisa mlaku luwih cepet. Wis genah wiwit mau prasasat ora alihan panggonan olehmu mlaku ngono koq diunekake klemar-klemer malah ewo“
“Kabeh omonganmu mbok menawa ana benere yen digathukake karo kahanan wektu iki. Mlaku alon utawa banter kuwi dilarasake karo keperluane, Cil. Yen lagi kepingin nglaras karo ngrasakake nikmate ciptane Pangeran, ya mlaku alon sak alon-alone. Nanging yen butuh cepet selak ngoyak butuh, ya dibanterake lakune” Keong emoh kalah penemu.
Kancil mesem kecut sajak nyepelekake omongane keong. “Lha apa omonganmu kuwi ana buktine, keong? Apa bener kowe bisa mlaku banter?????”
“Yen dina iki, aku lagi emoh mlaku banter. Jalaran aku lagi namatake endahing kahanan peparinge Pangeran. Nanging yen liya wektu, during mesthi kowe bisa ngalahake playuku, Cil” si keong ngungkuli umuk.
“Weh..weh weh………………. Keong……… keong. Apa jagad wis arep kiamat yen kancil kalah balapan karo keong. Kamangka wis kondhang kaloka menawa kancil iki jago mlayu. Prasasat ora ana makhluq ing ngalam donya iki sing bisa mlayu luwih cepet menang balapan karo kancil. Macan, singo, menjangan, jaran…………….. lan kewan apa maneh sing jareplayune banter, nganti dina iki ora ana sing bisa ngalahake playune kancil. “ Si kancil kebrongot atine, mula sansaya tambah umuk.
“Ooooooo ngono ta, Cil. Kowe pancen kondhang banter playumu. Kowe mesthi menang balapan karo sapa wae yen anggone balapan padha-padha ana ing dharatan. Nanging sajake kowe durung nate balapan karo mungsuh sing mlayune ana jeroning banyu.” Si keong tuwuh niyate kanggo miring-mirangake kancil.
“Hahahahahahahahahahahahaha………………….. sajake kowe arep nantang aku balapan, keong. Ayo dibuktekake, aku dak mlayu ing sadhuwure tanggul nurut sadawane kalen iki. Ewodene kowe mlayu ana sajeroning banyu ing kalen iki.” Sambunge kancil sawuse gumuyu dawa.
“Kena, nanging aja saiki. Sasi iki aku lagi nindakake dhawuhe Kanjeng nabi Soleman supaya nglakoni kanggo nambah kasektenku.” Si keong golek alesan, jalaran yen sawantah genah keong ora bakal menang balapan karo kancil.
“Lha karepmu kapan? Aku manut, yen kowe wis siyaga bisa dileksanakae” si kancil sing wis muntab kanepsone merga rumangsa disepelekake keong.
“Anggonku nglakoni rampunge sesuk dina Selasa wage, kira-kira sesasi maneh. Yen kancil pancen kepingin bukti, sesuk Rebo kliwon awakmu teka kene. “ Si keong semaya njaluk wektu.
“Kowe aja cidra lho keong. Rebo kliwon ngarep aku teka kene, aku karo kowe balapan diwiwiti saka papan iki nurut sadawane kalen, yen perlu nganti tekan tempuran ing bengawan gedhe sisih ngisor kana.” Kancil nyaguhi tantangane keong.
Saungkure kancil, si keong nglumpukake kabeh keong. “Kanca-kanca kabeh, sesuk Rebo kliwon ngarep aja lali. Kabeh padha mapan ana sadawane kalen iki ana jeroning banyu, aja methungul metu saka banyu yen during krungu swarane kancil undang-undang. Mengko sapa wae sing mapan ing sangarepe kancil kudu semaur, nyahuti pangundange kancil.”
“Semaure kepriye?? Supaya kompak, semaure marang kancil kudu digawe padha.” Salah siji keong tuwa njaluk warah.
“Oooo …………..ngene. Kowe kabeh olehe semaur ngene. Ana apa, Cil. Aku ana ngarepmu” Si keong menehi ancer-ancer wangsulan.
******
Dina rebo kliwon sing ditemtokake kanggo balapan wis tumapak. Kancil teka ing papane keong gondhang mruput esuk umun-umun. “Ayo, keong. Anggone janji balapan diwujudake. Nanging banjur kepriye carane ngerteni sapa sing menang balapan. Yen aku ndadak mandheg namatake lakumu ana jeroning banyu, aku sing rugi wektu”
“Rehne antarane awakmu sing ana dhuwur tanggul karo aku sing ana jeroning banyu ora padha dene weruh, yen wis mlayu antara suwe kowe undang-undanga marang aku. Mengko bakal dak wangsuli pangundangmu. Kanthi mengkono ketara sapa sing ana ngarep, lan sapa sing keri ana mburi” si keong ngajokake penemu.
“Woooooo, ngono. Yah, ayo enggal diawiti. Siyaga. Siji…………………. Loro………………… telu” aweh aba-aba ngono kancil mlumpat mlayu sabantere ngetog kabeh kadigdayane. Isin yen nganti kalah balapan karo keong.
Si keong gondhang gumuyu ing jroning ati. “Rasakna, Cil. Dina iki mengko sida kewirangan awakmu.”
Tekan pengkolan kalen si kancil undang-undang karo tetep mlayu “Keoooooong, kowe wis tekan ngendi?????”
“ Ana apa, Cil. Aku ana ngarepmu” wangsulane keong sing ana ngarepe kancil. Krungu wangsulane keong atine kancil muntab, mula banjur nambahi banter playune nganti kepentut-pentut.
“Keoooooong, kowe wis tekan ngendi?????” Sepisan maneh kancil undang undang sawise antara setengah jam mlayu.
“ Ana apa, Cil. Aku ana ngarepmu” keprungu suwara keong wangulan ing ngarepe kancil.
“Wee lha…………… jebul banter tenan playuen keong ana jeron banyu” panguwuhe kancil karo nerusake playune. “Keoooooong, kowe wis tekan ngendi?????” Pangundange kancil karo menggeh-menggeh.
“ Ana apa, Cil. Aku ana ngarepmu” Sepisan maneh ana wangsulan saka keong iang sangarepe kancil.
Jalaran wis kentekan kekuwatan, ambegan menggos-menggos kaya arep pedhot, kancil ndheprok ing pinggir kalen. “Wis……………. Keong. Aku ngaku kalah. Jebul pancen playumu ana jeroning banyu luwih banter tinimbang aku. Wis……. Aku ngaku kalah” Rampung celathu ngono, si kancil semaput nganti sore lagi tangi.
“Mulane dadi makhluq aja seneng umuk, ngremehake liyan. Ana bebasan sandhuwure langit isih ana langit.” Para keong padha nggeguyu kahanane kancil.

Cerita wayang Ramayana : Sintha Kandhusta
Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.
Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama.
Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan. Endah kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu Dasamuka.
Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya dening gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa supaya gugure Jatayu bisa sempurna. Awit saka panyuwune Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur secara moksa. Awake melu ilang lunga ing Suarga.
Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama.
Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha, Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi Raja maneh ing Guwakiskendha.
Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni kanggo ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake.
Akhire, kedadean perang gedhe Pancawati mungsuh karo Nglengka.
Wadya balane Ngalengka wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang. Sawise perang Rama lan Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka geni lan banjur ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo ngilangi pandakwa ala tumrap garwane.

Gonge Nabi Sulaiman
Sawise kasil ngapusi si kapri, asune pak Tani sing bodho nanging srakah, Kancil lumaku alon mlebu alas kang rada rungkut, wit-witane gedhe-gedhe tur dhuwur. Jalaran kesel tur wetenge luwe, dadine si Kancil krasa lungkrah lan ngantuk. Mula saka iku, bareng kepethuk wit srikaya kang akeh wohe lan mateng-mateng, Kancil mandheg kepingin mangan woh srikaya mau. ana sawetara srikaya mateng kang wis tumiba ana lemah, dadi si Kancil ora perlu menek. Apa maneh katon ing wit srikaya mau ana gumandhul omah tawon gung kang gedhe banget.
Rasa ngantuklan awak kesel, ditambah weteng wareg njalari matane kancil ora gelem melek maneh. Gelem ora gelem Kancil turu ana sangisore wit srikaya mau, angler malah kepara ngorok. Sedina muput anggone Kancil turu durung tangi. Bareng wetenge wis krasa ngelih, Kancil mbukak matane. Sapandurat atine kancil kaget, jalaran ana sandhinge turu wis ana kethek gedhe tehenguk-thenguk karo mangan woh srikaya kang padha gogrog. “Wah………….. panganku dientekake kethek iki. Aku kudu bsa ngapusi dheweke” ngono swara batine Kancil.
“Weee lha….. kapan tekamu ana kene kang kethek?” pitakone Kancil marang kethek kang lagi iwut mangan srikaya.
“Kudune sing takon ki aku, Cil. Sebab ing papn iki saben dina aku golek pangan. Eeeeee ….. nalika aku teka kene koq awakmu turu ngorok ana kene. Saka ngendi lan arep menyang ngendi kowe, Cil?” semaure kethek mau.
“Kaya biasane, Thek…… aku mlaku-mlaku. Mung wae pas tekan kene esuk mau aku kepethuk Kanjeng Nabi Sulaiman, banjur didhawuhi nunggu kagungane gong kang disimpen ing pang wit srikaya gedhe iki. Aku diwanti-wanti, sapa wae ora kena nyedhaki, ndemok, apa maneh nabuh gong mau. Jalaran yen nganti ditabuh dening sebarang makhluq, swarane gong mau bisa njalari lindhu gedhe lan larang udan.” pratelane kancil sajak wigati.
“Begja temen awakmu. Cil. Dipercaya kanjeng nabi Sulaiman kanggo njaga kagungane gong. Yen pancen olehe nyimpen gong mau ana kene, mesthine aku sing didhawuhi nunggu, dudu awakmu, Cil. Yen aku nyoba nabuh gong mau oleh apa ora, Cil?” si kethek katon kepingin.
“Aku mau rak wis ngomong tho, Thek. Yen nganti gong mau ditabuh dening sebarang makhluq saliyane Kanjeng nabi Sulaiman, bisa mbilaheni” wangsulane Kancil sajak ora lila.
“Satenane awakmu wis nate krungu swarane gong kuwi apa durung, Cil?” si kethek ngoyak penjaluke.
“Waaah, ya durung. Jalaran aku dhewe wedi sapudhendhane yen nganti krungu swarane gong kuwi. Apa maneh resikone tumrape sabarang kang urip ana ngalam donya. Yen nganti ana lindhu gedhe, lan larang udan, bisa mbilaheni” kancil nerangake.
“Yen ana sarusikune, mengko aku dhewe sing bakal nanggung. Yen nganti Kanjeng nabi Sulaiman duka, kareben aku sindidukani. Awakmu ora perlu wedi, Cil. Priye, Cil. Oleh ya…. aku nabuh kepingin ngrungokake swara gong kuwi?”, penjaluke kethek sansaya ngoyak.
“Yen pancen adreng kekarepanmu, aku ora bisa maneh ngalang-alangi. Nanging, supaya yen ana dukane Kanjeng Nabi Sulaiman, aku ora katutan kena duka, sadurunge kowe nabuh gong kuwi, aku tak lunga dhisik sing adoh. Jalaran aku wedi tenan karo swarane gong kuwi, samar yen kupingku sing apik iki mengko dadi budheg.” Kancil nyetujoni kekarepane kethek sajak kabotan.
“Aku manut” sambunge kethek sajak bungah.
“Mengko yen awakmu arep menek nabuh gong, undang-undango aku dhisik. Yen aku isih semaur, kowe aja menek dhisik. Nanging yen aku wis ora semaur, sakarepmu olehmu bakal nabuh. Tegese aku wis adoh, wis ora bakal kebrebegen swarane gong kuwi.” ngomong ngono kancil karo lumaku glendheh-glendheh ninggalake sangisore wit srikaya.
Let rada suwe, si kethek mbengok. “Ciiiiiiiil, wis adoh durung?”
“Oooooiiiiiii, mengko dhisik. Sedhela maneeeeeeh”, semaure kancil saka kadohan.
Kethek sing sumurupbarang nggadhul ing pang srikaya kang sacedhake kebak woh srikaya mateng-mateng wiwit ngiler, age-age menek. Sadurunge nabuh gonge Nabi Sulaiman, Kethek ngundang kancil sepisan maneh. “Ciiiiiiiiiiil, kepriye yen saikiiiiiiiii…..???”
Dienteni sawetaran karo mangan srikaya wis ora ana wangsulane kancil. Bungah atine kethek bakal bisa ngrungokake swara gong kagungane Kanjeng nabi Sulaiman. Agahan munggah nyedhaki pang papan gumandhule omah tawon gung. Ditilang-tilingake sawetara, banjur, “bruuugggg” si kethek ngantem omah taon gung kuwi sakayange. Mesthi wahe tawon gung sing ana jeroning susuh padha bubar, ngruyuk kethek, ngentupi sarandune aawak.
“Wowww,….. wadhuuuuuuuuuuuuh, tobaaaaaaaaat” srikutan si kethek mudhun saka wit srikaya mau. nanging tawon gung kang nesu tansah nututi lumayune ketehek karo ngentupi. Weruh ana kedhung, si kethek ambyur nyilem sajerone kedhung nganti sawetara ngampet ambegan. Bareng dirasa tawon gung wis padha lunga, si kethek mentas karo nggetuni nganti diapusi kancil. Atine kethek ngigit-igit kepingin males pokale kancil. Kethek iku lungguh dheleg-dheleg karo ngrasakake awake sing lara abuh dientupi tawon.

Jenange Nabi Soleman
Kancil kang nembe lumaku ing sapinggiring alas, ngerti grombolan kebo sing pada iwurt mangan suket kang ijo-ijo tur subur. Merga rasa kesele anggone lumaku, mula si leren dheleg-dheleg ing sangisor wit munggur gedhe. Ora adoh saka anggone Kancil turu, katon ana barang bunder ireng, lumayan gedhe. Kena sumilire angin, si Kancil liyer-liyer ngantuk, theklak-tekhluk senajan ora turu.
Ora antara suwe, katon tekane Kethek sing awake padha abuh jalaran dientupi tawon gung. Kethek kang rumangsa jengkel marang Kancil merga diapusi, alon-alon nyedhaki lungguhe kancil banjur nyikeawake Kancil saka mburi. “Kecekel awakmu saiki, Cil. Kowe arep suwala kepriye yen awakmu wis dak pithing ngene iki. Jarene gonge Nabi Soleman, jebul awakku mbok sorohake menyang susuh tawon gung. Yen wis ngene iki, rasakna piwalesku”, ngomong ngono karo tangane kethek mau ngeneng-eneng kupinge kancil.
Kancil sing kelaran, ora kakehan polah, nanging pikirane mungset golek akal, pye carane uwal saka panyikepe kethek kuwi. “Ora, Thek.Koq awakmu rada bintul-bintul abuk ki merga kakehan mangan walur apa piye?”
“Mangan walur apa? Genah merga pokalmu, aku dientupi tawon gung sepirang-pirang ngono koq” semaure kethek. “Pinujune aku bisa mlayu terus ambyur ana kedhung, yen ora………. wis mesthi mati aku.” Ngomong ngono karo ngantemi awake kancil.
“Wooooo, ngono. Yaaaa….. yen ana luputku, aku njaluk ngapura, Thek. Sing wis kebacut, ya wis. durung diati-ati, kareben awakmu ora cilaka.”
“Lha yen ora mbok apusi. mesthi war aku ora cilaka, Cil. Kowe gampang wae ngomong mengkono, jalaran kowe ora ngrasakake dientupi tawon gung. Saiki aku njaluk digolekake tamba, sisa karo pangan sebab wetengku wis ngelih” Kethek nyahut karo mecucu.
“Wah, piye ya, Thek. Aku ki lagi didhawuhi…………………….” kancil tidha-tidha arep mbacutake omongane.
“Didhawuhi karo sapa??? NabiSoleman??” sahute kethek.
“Kadingaren utekmu encer, Thek. Pancen aku mau didhawuhi nabi Soleman”, semaure kancil setengahe ngumpak atine kethek.
“Hahaha……. mesthi arep ngapusi maneh. Yen masalah gong, genah aku ora percaya. Sebab wetengku wis ngelih tenan, rasane pating plilit.”
“Ora. Iki dudu perkara gong. Aku didhawuhi nunggu jenang dodol gaweyane nabi Soleman. Merga mau isih panas, arep terus digawa tindak karo Nabi Soleman, samar yen astane mlosoh merga panas. Kamangka ngendikane Nabi Soleman, jenang kuwi kejaba enak, maregi, uga ana kasiyate minangka tamba yen kena entup lan upas, sabarang lir upas.” Kancil nerangake rada dawa supaya kethek lali saka nesune lan kena apus kramane.
“Apa tenan omonganmu, Cil? Aja-aja kowe mung arep ngapusi aku maneh?“, si kethek sing pancen ora srantanan yen ngerti pangan wiwit kena tembung manise Kancil.
“Yen ora percaya, ya wis. Pancen aku iki kondhang pinter ngapusi, Thek. Yen kowe sumelang dak apusi, ya…. kana enggal lunga, aja ganggu gawe anggonku nindakake dhawuhe Kanjeng Nabi Soleman.” Si kancil sing dipaido sajak kecenthok atine.
“Ana ngendi jenange kuwi, Cil? Mbok aku tak ngicipi sethithik wae. Oleh to Cil??” si kethek ngangseg penjaluke.
“Weeeeh. lha mengko aku didukani no, Thek.Apa kowe wani nanggung yen ana sarusikune?”
“Yen weteng ngelih, apa wae alangane bakal didhadhagi. Wis mengko aku sing tanggung yen didukani.”
“Ya, wis. Kae lho ana cedhak blumbang, rupane ireng. nanging supaya kowe mengko ora kuwalat merga wani mangan dhaharane Nabi Soleman, ana syarate”.
“Syarate apa, Cil” Kethek sing wis kemecer idune, selak kepingin ngicipi jenange nabi Soleman iku ngoyak.
“Syarate anggonmu mlaku saka kene nganti tekan panggonan jenang kuwi kanthi merem, lan irungmu dibunteti. Yen sikilmu utawa tanganmu sing mbok nggo grayah-grayah mlaku wis nyenggol jenang kuwi, anggonmu mangan ora kena nyuwil. Nanging kudu ngiras nganggo lambe lan untumu, kanthi cara dikokop” Kancil nerangake sajak wigati.
“Lha menkone apa aku ora nabrak-nabrak, Cil.?”
“Ngene. Awakmu saka kene madhep lempeng menyang jenang kuwi. Sawise merem, rada ndhodhok lumaku sinambi grayah-grayah nganggo tangan tengen, dene tangan kiwa mbithet irung” Kancil menehi cara marang kethek.
“Wooo, yaah. Dak wiwiti saiki, ya Cil.” Ngomong ngono karo agahan kethek mlaku dhohok karo merem lan mbithet irung. Weruh kuwi, Kancil kanthi sesidheman lumaku ngadoh lan banjur mlayu sipat kuping mlebu tengahing alas.
Bareng tangane kethek nyenggol anget-anget rada empuk, kaya welinge Kancil mau, agahan nubruk. Bruuuk. Si Kethek ngokop barang sing jarene Kancil jenang, jebul rasane ora enak tur mambu. Agahan si kethek melek mbukak matane. Sepira kagete jebul sing dikokop mau tlethong kebo sing isih anget merga isih anyar.
” Wahhhhh, sida kapusan maneh awakku. Tlethong kebo diunekake jenange Nabi Soleman. Aku iki koq yaaa bodho timen” Ngedumel si kethek nggetuni bodhone karo mlaku marani blumbang kanggo adus ngilangi tlethoing awak lan raine.

Minggu, 16 Januari 2011
MISTERI GUNUNG BROMO
Jaman bien nalika Dewa-Dewa esih seneng mudun marang dunia saka kayangan, nalika kui kerajaan Majapait lagi kena serangan saka daerah-daerah. Wargane pada bingung golet panggonan kanggo ngungsi, pada wae karo para Dewa. Wektu kui Dewa mulai lunga marang sawijining panggonan, nang sekitare Gunung Bromo.
Gunung Bromo esih tenang, ngadek dislimuti kabut putih. Dewa-dewa sing teka marang panggonan kui ing sekitare Gunung Bromo, semayam ing lereng Gunung Pananjakan. ing panggona kui bisa weruh Srengenge munggah seka wetan lan Srengenge sirep seka kulon. Sekitare Gunung Pananjakan, panggonan Dewa-Dewa semayam, ana uga panggona kanggo pertapa. Pertapa kui mau saben dina pahalane megur muja lan ngening cipta. Sawijine dina sing mbahagiakake, bojo kui lairake anak lanang. Raine ganteng, cahyane terang. Mertandakake anak sing lair saka titisane jiwa sing suci. Wiwit lair anak kui keton sehat lan kuat sing luar biasa. Wiwit lair, anak Pertapa kui wis bisa ngetokake suara seru. Gegeman tangane seret banget, tendangan sikile uga kuat. Ora kaya anak lia umume, bayi kui diarani Joko Seger, sing artine sing sehat lan kuat.
Ing panggonan lia sekitare Gunung Pananjakan, wektu kui ana anak wadon lair saka titisan Dewa. Raine ayu lan elok. Siji-sijine anak sing paling ayu dewek ing panggonan kui. Wiwit dilairake, udu umume bayi lair, meneng ora nangis wektu
dilairake seka rahim beyunge. Merga kui, wongtuane ngarani bayi iku Rara Anteng.
Rara Anteng sengsaya dina sengsaya dadi anak remaja sing ayu. Garis-garis ayune metu jelas saka raine. Rara Anteng terkenal tekan daerah-daerah. Akeh putera raja pada nglamar Rara Anteng, nanging ditolak, amarga Rara Anteng wis kepincut karo Joko seger. Sawijining dina Rara anteng dilamar Bajak sing sekti lan kuat. bajak kui terkenal jahat banget. Rara Anteng terkenal alus atine ora wani nolak pelamar sekti kui. Merga kui Rara anteng njaluk supaya di gawekna segara ing tengah-tengahing gunung. Dikira penjalukan sing aneh supaya pelamar sekti mau ora bisa nyanggupi. Segara kui mau kudu di gawe ing sewengi, yaiku diwiwiti srengenge sirep tekane srengenge munggah. Disanggupi penjalukan Rara Anteng kui.
Bajak sekti mau mulai gawe segara nganggo batok saka krambil lan meh rampung. Weruh kenyataan sing kaya kui, atine Rara Anteng gelisah ora tenang. Kepriwe carane gagalaken lautan sing agi di gawe Bajak kui? Rara Anteng mikir nasibe, Rara Anteng ora bisa urip karo wong sing ora disenengi. Banjur Rara Anteng golet cara supaya bisa gagalaken usahane Bajak mau. Banjur Rara bisa nemu cara yaiku nutu pari ing tengah wengi. alon-alon suara alu nangekake jago sing pada turu. Kluruk jago saut-sautan, kaya fajar wis metu, nanging wargane durung nglakoni kegiatan esuk. Bajak rungu jago kluruk, nanging benang putih saka wetan urung metu. Berati fajar teka urung wektune. Mikir nasib siale, banjur batok sing dinggo kanggo gawe lautan mau di buang, gigal tengkurep nang jejere Gunung Bromo lan malih dadi gunung diarani gunung Batok.
Gagale Bajak gawe laut ing tengah-tengah gunung Bromo, ati Rara Anteng seneng banget. Rara Anteng nerusake hubungane karo Joko seger. Banjur Rara Anteng lan Joko Seger dadi pasangan sing bagya,amarga lorone pada senenge. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger gawe panggonan lan mimpin ing kawasan Tengger utawa Purbawasesa Mangkurat Ing Tengger, sing aweh pengerti "Panguasane
Tengger sing Budiman". Aran Tengger di jimot saka akhire suku kata aran Rara Anteng lan Joko Seger. Tengger uga nduweni makna Tenggering Budi Luhur utawa menehi ngerti babagan moral sing duwur, simbul ketenangan sing abadi. Saka wektu meng wektu warga Tengger urip makmur lan dame, nanging panguasa ora ngrasa bagya. amarga wis suwe mbina umah tangga urung nduweni momongan. Banjur nduweni keputusan munggah meng pusuke gunung Bromo kanggo semedi nggudi percaya karo sing Kuasa supaya diwei momongan.
Ijig-ijig ana suara gaib sing ngomong semedine arep dikabulaken nanging kanggo syarat wis olih momongan, anak sing bungsu kudu dikorbanaken meng kawah gunung Bromo. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger nyanggupi banjur olih momongan 25 anak
lanang wadon, nanging naluri wong tua tetep ora tega enggane kelangan anakae. Carane Rara anteng lan Joko Seger ngingkari janjine, Dewa murka lan ngancem arep gawe malapetaka, banjur langit dadi peteng kawah gunung Bromo nyemburake geni.
Kesuma anak bungsune ilang nang geni lan mlebu meng kawah Bromo, banjur ana suara gaib :"Sedulur-sedulurku sing aku tresnani, aku wis dikorbanaken meng wong tuane dewek lan Hyang Widi nyelametake koe pada. Urip sing dame lan tentrem, sembahen Hyang Widi. Aku elingaken supayane aben wulan Kasada ing dina ke-14 nganakake sesajen kanggo Hyang Widi ing kawah Bromo.

Langganan:
Postingan (Atom)